Jer Basuki Mawa Beya
Srengenge wis ora katon ana ing langit desa Kebonjati. Gantine, mbulan bunder saktampah alon-alon jumedhul saka iring wetan. Kaya adat sabene, Tanto ngalor-ngidul dolan ra jelas juntrunge, kala-kala mampir jajan ing warunge Pakdhe Kardi, kaya ing mbengi iki. “Kok kowe ora sinau kaya kanca-kancamu kae to Tan?” Pakdhe Kardi nakoni Tanto karo ngudhak es teh. “Mboten kok Pakdhe, kula niku mpun pinter. Kula wegah ndhakne namung dituruni rencang-rencang nika,” wangsulane Tanto sakgeleme dhewe. Tangane tengen njupuk gedhang goreng ing piring ngarepe, banjur dicokot pucuke. Jiann, sajak nyamleng tenan. Udakara jam sanganan wengi, Tanto lagi kledhang-kledhang mulih. Tekan ngomah langsung mapan turu. Pitakonane ibune kang maneka warna ora digagas babar blas. Ibune unjal ambegan. “Dhuh Gusti Ingkang Maha Kuwaos, nyuwun pitedah kagem lare kula menika,” keprungu suara ibune Tanto lirih. Esuke, nalika Tanto mlebu kelas, katon kanca-kancane lagi padha jagongan karo g