Mubeng Minger
rikala jaman semana,
aku nate krungu
saka mbah kakung, saka bapak, saka guru ing sekolahan, saka pak ustadz
babagan urip ing alam donya
jarene iku kapetung sedhela
bebasan amung mampir ngombe
sepira to suwene?
nanging aku durung tau ngerti
apa to sik dikarepake ngombe iku
kaya ngapa wujude?
teh, kopi, wedang putih, jamu beras kencur, apa wedang jahe?
menawa milih es krim, jus jeruk, lan sapanunggalane kae, oleh ora?
kok le…
sempat-sempate mikir milih omben-omben
apa ya tekan olehku mikir kepiye carane isa ngliwati wot ogal-agil
kang jarene alus banget
pepindhan rambut diwelah pitu
kamangka…
ngliwati kreteg sesek kang digawe saka limang lonjor pring petung we aku wedi
kamangka…
ngisore wot ogal-agil iku geni kang mbulat-mbulat, panas tanpa pepindhan
dudu banyu cethek ing kali kang dipasangi kreteg sesek pring iku mau
duh Gusti…
kawula nyuwun kawelasan
Komentar
Posting Komentar