Postingan

Menampilkan postingan dengan label geguritan

[Geguritan] Piweling Kali Garing

Asat….. Garing mlimping….. Lemah-lemah pating blegag, mringis nggegirisi. Nggeguyu tumindake para jalma manungsa kang saya ora lumrah trekahe Jalma manungsa kang jarene kautus ngrumat ndonya sak isine… Jalma manungsa kang linambaran ilmu sundhul langit sap pitu… Kok doyan mangan sedulure… mangan barang sing dudu hak e… colong jupuk kaya diidinake… ngapusi tunggale dhewe… lali weling bapa-biyunge… Jumawa, adigang, adigung, adiguna. Mumpung duwe panguwasa banjur sekarepe dhewe. Apa mung kaya ngono iku sifating manungsa? Ora…ora…ora kaya mangkono Sejatine, manungsa iku duwe jejibahan agung mungguh eling donya iki amung ampiran sedhela kudu dirumat kanthi becik, setiti, ngati-ati. Jagad iki dudu duwekmu, ananging titipane anak putu. Enggal lerena anggone gawe rusaking donya, mumpung isih ana wektu

Bedhidhing

Atusan kembang rupa oranye kumleyang tumiba sakndhuwuring suket-suket kang lekas garing. Tetesing embun ing pucuk godhong mbako katon seger katon eseme para kadang tani saka kadohan. Ing ndhuwur kana isih ana atusan kembang randhu alas, kang setya ngenteni wektu nunggu jatah tumiba ing lemah kang pinuju garing. Wit randhu alas sandhing buk renteng dadi seksi setya tuhu rendheng-ketiga-rendheng-ketiga kang saya ora mesthi kapan tekane. Nanging, ing esuk iki nalika sunaring baskara madhangi jagad. Randhu alas netepi janji, aweh pratandha ketiga tekan mangsane. Kembang randhu alas terus tumiba pratandha bedhidhing wes tekan titi mangsa

Mubeng Minger

rikala jaman semana, aku nate krungu saka mbah kakung, saka bapak, saka  guru ing sekolahan, saka pak ustadz babagan urip ing alam donya jarene iku kapetung sedhela bebasan amung mampir ngombe sepira to suwene? nanging aku durung tau ngerti apa to sik dikarepake ngombe iku kaya ngapa wujude? teh, kopi, wedang putih, jamu beras kencur, apa wedang jahe? menawa milih es krim, jus jeruk, lan sapanunggalane kae, oleh ora? kok le… sempat-sempate mikir milih omben-omben apa ya tekan olehku mikir kepiye carane isa ngliwati wot ogal-agil kang jarene alus banget pepindhan rambut diwelah pitu kamangka… ngliwati kreteg sesek kang digawe saka limang lonjor pring petung we aku wedi kamangka… ngisore wot ogal-agil iku geni kang mbulat-mbulat, panas tanpa pepindhan dudu banyu cethek ing kali kang dipasangi kreteg sesek pring iku mau duh Gusti… kawula nyuwun kawelasan