Jer Basuki Mawa Beya
Srengenge
wis ora katon ana ing langit desa Kebonjati. Gantine, mbulan bunder saktampah
alon-alon jumedhul saka iring wetan. Kaya adat sabene, Tanto ngalor-ngidul
dolan ra jelas juntrunge, kala-kala mampir jajan ing warunge Pakdhe Kardi, kaya ing mbengi iki.
“Kok
kowe ora sinau kaya kanca-kancamu
kae to Tan?” Pakdhe Kardi nakoni Tanto
karo ngudhak es teh.
“Mboten
kok Pakdhe, kula niku mpun pinter. Kula wegah ndhakne namung dituruni rencang-rencang
nika,” wangsulane Tanto sakgeleme dhewe. Tangane tengen njupuk gedhang goreng
ing piring ngarepe, banjur dicokot pucuke. Jiann, sajak nyamleng tenan.
Udakara
jam sanganan wengi, Tanto lagi kledhang-kledhang mulih. Tekan ngomah langsung
mapan turu. Pitakonane ibune kang maneka
warna ora digagas babar blas. Ibune unjal ambegan.
“Dhuh
Gusti Ingkang Maha Kuwaos, nyuwun pitedah kagem lare kula menika,” keprungu
suara ibune Tanto lirih.
Esuke,
nalika Tanto mlebu kelas, katon kanca-kancane lagi padha jagongan karo geguyon. Tanto nyelehke tase ana ing kursi, banjur
nyawang sakiwatengene.
“Ndri,
Andri!” Tanto nyelukke Andri kang lagi piket nyapu kelas.
“Ana
apa Tan?” Andri semaur, isih karo sengkut nyambut gawe reresik kelas.
“Ana
PR ora? Nek ana, aku nyilih kene!”
“Ora
ana.”
“Ngapusi!”
“Tenan
kok, pancen ora ana.”
“Kok
kadingaren ora ana, biasane Bu Guru ki mbendina maringi PR.”
Theeeeeeeeettttttttttttttt,
keprungu suara bel pratanda wis wayahe pasinaon arep diwiwiti. Bocah-bocah pada lungguh ana ing kursine
dhewe-dhewe. Ora sawetara suwe, katon Bu
Guru rawuh mlebu kelas. Sakwise uluk
salam lan ndonga bebarengan, Bu Guru miwiti pasinaon ing esuk iku kanthi ndangu
bocah-bocah, apa isih kelingan menawa dina iki ana ulangan basa Jawa. Bocah-bocah
semaur, menawa isih kelingan. Tanto
katon meneng wae, sajake bocahe lali.
“Wadhuh,
le ora ana PR ki jebule merga arep ulangan to? Kowe kok ra ngomongi aku to
Ndri?”guneme Tanto lirih karo nyikut Andri kang lungguh ana jejere.
“Uwis
wae, wingi rikala mulih sekolah, tur mau bengi yo titip weling ibumu kok, wong
kowe tak goleki ora ana,” Andri semaur karo mecucu.
“Wis
padha siyap ulangan durung?” Bu Guru sepisan maneh ndangu bocah-bocah.
“Sampuun
Bu Guru,” bocah-bocah semaur bebarengan.
Bu
Guru banjur mbagekake buku ulangan karo lembaran-lembaran soal. Bocah-bocah
banjur pada nggarap kanthi temenanan. Tanto kang babar blas ora sinau rumangsa
bingung weruh soal-soal ulangan kang kudu digarap. Kertas soal mung diolak-alik, diwaca sedhela
banjur diselehake maneh. Buku ulangane isih resik, lagi ditulisi nomer thok.
Judheg!
Tanto
nglirik Andri, nanging Andri ora nggatekake.
Tanto nglirik Bu Guru kang nembe lenggah karo nyerat ing buku
gedhe. Oh, Bu Guru ora nggatekake kene
kok, batine Tanto.
“Ssshh....nomer
telu apa Ndri?” Tanto nyikut lengene Andri.
“Sik,
rung rampung!”Andri semaur rada sero.
“Andri,
Tanto, mboten pareng tumindak culika nggih, ayo saiki Andri pindah lungguhe.
Kana Ndri, kowe pindah jejer Susilo,” ujug-ujug Bu Guru ngendika karo mersani
bocah sakloron kuwi.
“Sanes
kula sik marai lho Bu,” Andri wangsulan karo ngukuti buku lan dosgripe.
Bu
Guru mung mesem midhanget wangsulane Andri.
Klunthuh-klunthuh
Andri pindah papan anggone lungguh. Nyeraki Susilo kang pancen lungguh dhewe
ora ana jejerane. Tanto sansaya judheg,
biasane yen dheweke ora isa nggarap, mesthi dikandhani dening Andri. Saiki Andri adoh, ora isa ngandhani.
Tanto
nyawang meja ngarepe. Rika katon kepenak
anggone garapan. Tita kang lungguh ana jejere Rika semono uga. Sikile tengen
Tanto alon-alon njejak kursine Rika.
“Rik,
kandhani nomer telu wae!” bisike Tanto marang Rika. Rika meneng wae. Sepisan maneh Tanto nendhang kursine Rika.
“Dhug.” Rada sero. Rika kaget, bolpene kang dinggo nulis nganti tiba.
“Tanto,
ora pareng ngrusuhi kancane yo, Cah Bagus,” Bu Guru ngendika karo tindak
nyeraki Tanto.
Blaik,
kepiye iki? Batine Tanto bingung. Saking
judhege, Tanto ngawur anggone nggarap ulangan.
Sakwise
ulangan rampung, wektu iku uga asil ulangan padha dirembug lan dicocokke
bebarengan, dipandhegani Bu Guru. Bareng kabeh wis padha rampung anggone
nyocokke garapane, wayahe Bu Guru ndangu, nyerat biji asil ulangan. Bocah-bocah kang didangu Bu Guru maju nggawa
buku ulangane banjur dibiji. Saka bocah selikur
ing kelas iku, akeh-akehe oleh biji wolung puluh. Mung bocah siji kang oleh
biji telung puluh. Iya, bocah kuwi mau ora liya ya si Tanto. Tanto isin, mripate mbrambangi. Nanging
kepiye maneh?
Rampung
anggone paring biji, Bu Guru ngendika marang kabeh bocah ing kelas iku. Menawa sinau iku kanggo sakdawaning umur. Ora
mung dinggo saiki ana ing sekolahan.
Bocah kang sregep sinau, sesuk-sesuke mesthi dadi wong kang
migunani. Bisa mikul dhuwur mendhem jero
tumrap wong tuwa, agama, lan nusa bangsane.
Kabeh pangangkah mesthi bisa kelakon, angger sregep mbudidaya lan sregep
ndonga. Paribasane, jer basuki mawa
beya.
Tanto
manthuk, rumangsa mathuk marang welinge Bu Guru. Ing batine, dheweke kudu bisa.

Komentar
Posting Komentar