[Geguritan] Piweling Kali Garing

Asat…..
Garing mlimping…..
Lemah-lemah pating blegag,
mringis nggegirisi.
Nggeguyu tumindake para jalma manungsa kang saya ora lumrah trekahe
Jalma manungsa kang jarene kautus ngrumat ndonya sak isine…
Jalma manungsa kang linambaran ilmu sundhul langit sap pitu…
Kok doyan mangan sedulure…
mangan barang sing dudu hak e…
colong jupuk kaya diidinake…
ngapusi tunggale dhewe…
lali weling bapa-biyunge…
Jumawa,
adigang,
adigung,
adiguna.
Mumpung duwe panguwasa banjur sekarepe dhewe.
Apa mung kaya ngono iku sifating manungsa?
Ora…ora…ora kaya mangkono
Sejatine,
manungsa iku duwe jejibahan agung
mungguh eling donya iki amung ampiran sedhela
kudu dirumat kanthi becik, setiti, ngati-ati.
Jagad iki dudu duwekmu,
ananging titipane anak putu.
Enggal lerena anggone gawe rusaking donya,
mumpung isih ana wektu

Komentar

Postingan populer dari blog ini

IIDN Jogja, Belajar Bersama Tingkatkan Kualitas Diri

Eksotisnya Kebun Buah Mangunan

Tanah, daur biogeokimia dan fotosintesis