Bedhidhing
Atusan kembang rupa oranye kumleyang
tumiba sakndhuwuring suket-suket kang lekas garing.
Tetesing embun ing pucuk godhong mbako katon seger
katon eseme para kadang tani saka kadohan.
Ing ndhuwur kana
isih ana atusan kembang randhu alas,
kang setya ngenteni wektu
nunggu jatah tumiba ing lemah kang pinuju garing.
Wit randhu alas sandhing buk renteng
dadi seksi setya tuhu
rendheng-ketiga-rendheng-ketiga
kang saya ora mesthi kapan tekane.
Nanging,
ing esuk iki
nalika sunaring baskara madhangi jagad.
Randhu alas netepi janji,
aweh pratandha ketiga tekan mangsane.
Kembang randhu alas terus tumiba
pratandha bedhidhing wes tekan titi mangsa

Komentar
Posting Komentar